Lg.Jw.Plg.6
Saben-saben kelingan
Oh dadi pangangen-angen
Rupa manis tenan
Bener ati krasa kangen
Oh suk kapan ketemu
Jenang gula katresnanku
Dina-dina ngimpi
Esuk sore kangen ati
Oh kana negarane
Wis mesthi adoh jarak e
Iki kapan bisa dadi
Kopenhagen Wonogiri
Gemes ati ngenteni
Nanging kapan nganti kapan
Apa bisa dadi
Banjur kapan nganti kapan
Wonogiri Selasa legi Siang
Tanggal 20 Maret 2007
Jam 11.42
Bang Kiwoed
Tidak ada komentar:
Posting Komentar